September 4, 2013

Percakapan Bahasa Jawa tentang hobi


Grace   : “Hei Steven mengko nggarap tugas kelompoke jam pira?.”
Steven : “mengko jam pitu wae ya Grace.”
Grace  : “lho... kok jam pitu? Apa ora kewengen?”
              “upama jam papat ,apa ora bisa?”
Steven: “aku ora isa Grace, amarga jam papat aku kudu latihan bal-
balan ning klub, yen aku ora mangkat aku arep gela banget Amarga iki kesenenganku,bakatku!”
Grace : “Ooo... Yo wis, aku manut wae.”
“Pancen awake dhewe kudu nggladhi bakat utawa hobi wiwit cilik supaya dadi pinter tenan.”
Steven : “Ooo... ya Grace, matur nuwun, lha bakatmu apa Grace?”
Grace   : “Bakatku nggambar utawa nglukis. Aku melu les nggambar
wiwit TK. Mulane, yen aku melu lomba nggambar, prasasat aku kerep entuk juara.”
Steven : “Wah... Grace hebat ya... Yen aku uga kerep melu lomba bal-
balan, yo sering menang.”
    “Yen ngana, pialamu lan piagammu wis entuk akeh ta Grace?”
Grace: “Ya... lumayan. Malah tau entuk hadiah dhuwit. Isa tak enggo
tuku tas lan buku. ”
 “Lha pialamu wis entuk akeh apa durung?”
Steven :“Durung, amarga aku melu klub lagi sedhela. Pialaku lagi telu,
amarga aku melu klub lagi sedhela.Mulane, aku ora elem mbolos latihan bal-balan. Amarga aku kepingin kaya Lionel Messi. Yen idolamu sapa yo Grace?”
Grace : “Yen pelukis kesayanganku bapak Afandy kang kondang
nganti tekan manca negara, kang martaake jeneng INDOESIA.”
  “Mulane awake dhewe kajaba sinau pelajaran sekolah, ya uga kudu latihan lan kanggo ngembangke bakat supaya bisa martaake Indonesia nganti manca negara.”
“Yo wis,yen ngana mengko aku ning  omahmu jam pitu.”

No comments:

Post a Comment

Translation