January 24, 2015

lesmana di rama6ana


Laksmana utawa Lesmana iku putrane Prabu Dasarata nata ing Ayodya lan Dewi Sumitrawati. Dewi Sumitrawati iku putrane Prabu Sumaresi raja ing Suwalaraja. Dadi yen karo Ramawijaya, Barata lan Satrugna, Lesmana iku sadulur tunggal bapa beda ibu. Lesmana tresna asih banget marang kadang-kadange, nanging sing banget disetyani yaiku Ramawijaya. Satriya iki tansah rukun bebarengan ing baba pa wae, ngangsu kawruh ya nunggal guru.Nalika Rama katundhung saka Ayodya, Raden Lesmana iku mbela marang kang raka, nuduhake kasetyane, melu ukum buwang ing alas suwene 13 taun.
Ing alas Dandaka, Dewi Shinta priksa kidang kencana sing endah banget lan mencutake. Shinta nyuwun karo garwane yaiku Rama supaya dicekelake.Rama sumadya.Lesmana didhawuhi dening Rama supaya njaga keslametane Shinta iya mbakyune. Sawetara Rama mburu kidang, ana swara sing ngrerintih jaluk tulung. Shinta ngira yen iku swarane Rama, mula banjur utusan Lesmana supaya nulungi. Lesmana ora gelem amarga wis diweling ora kena ninggalake Shinta. Shinta salah panampa, Lesmana didakwa yen arep tumindak murang tata marang dheweke, Lesmana didakwa seneng yen Rama cilaka supaya mengkone bisa nggarwa Shinta.
Lesmana kaget lan kelara-lara atine, dene kasetyane sing tulus malah diarani culika. Mula Lesmana banjur sumpah wadat teegese ora bakal gelem karma salawase urip.Iku kanggo nuduhake yen ing wektu iku atine resik ora duwe niat ala marang Shinta. Sawise sumpah Lesmana banjur nyusul Rama, nanging sadurunge lunga, ing papane Shinta wis dirajah mubeng supaya ora ana uwong utawa sato kewan kang bisa nyedhaki lan ngganggu marang Shinta. Kacarita, Rahwana (Dasamuka) teka arep dhusta Dewi Shinta.Nanging ora bisa nyedhaki Shinta awit kena dayane rajah.Dasamuka banjur malih dadi Begawan tuwa thuyuk-thuyuk, njaluk tulung marang Shinta.Amarga trenyuh, Shinta metu saka rajah, sanalika disaut Dasamuka, Shinta digawa mabur.
Kocap, kidang kencana kena panahe Rama malih dadi buta raseksa aran Kalamarica. Rama lan Lesmana cubriya, engal-enggal bali ing papane Shinta. Shinta wis ilang. Ana wanodya sing kedanan marang Lesmana, arane Sarpakenaka. Sarpakenaka iku adhine Dasamuka, wujude raseksi utawa buta wadon. Kanggo ndhodhog tresnane Lesmana, Sarpakenaka malih dadi wanita ayu sing ngoyak-oyak Lesmana. Lesmana ora ketarik atine lan nesu, Sarpakenaka dipuntir irunge banjur malih dadi raseksi maneh. Sarpakenaka rumangsa wiring, mula nalika ana peperangan antarane Rama karo Dasamuka, Sarpakenaka arep males wiring marang Lesmana.Ananging Sarpakenaka kalah, matli dening Raden Lesmana.





_______________________________________________________((((((__
Prabu Dasarata, ratu Ayodya duwe garwa prameswari aran Dewi Kosalya (Sukasalya) lan garwa selir aran Dewi Kekayi uga Dewi Sumitra. Saka Dewi Kosalya peputra Sri Rama, saka Dewi Kaikeyi (Kekayi) peputra Bharata, lan saka Dewi Sumitra peputra kembar aran Lakshmana (Lesmana) lan Satrughna. Sawijining dina, ana resi kang jejuluk Rsi Wiswamitra njaluk tulung marang Sri Paduka Dasarata supaya mbébasake pertapane saka para raseksa. Rama lan Lakshmana banjur budhal. Ing pertapan iku, Rama lan Laksmana kasil mateni kabeh raseksa. Sawise kasil merjaya mungsuhe, kekarone banjur tumuju negara Mithila (Manthili) saperlu melu sayembara menthang gandéwa. Sok sapa kang menang bakal dadi sisihane putri raja Janaka, ya Dèwi Sinta. Kabeh pasarta wus siaga lan siji mbaka siji nuduhake kadigdayane menthang langkap gandéwa. Ora ana kang kasil menthangake gandéwa mau kajaba amung Sri Rama.  Sawise Rama kadhaupake, Sinta banjur kaboyong bali menyang Ayodya didherekake Laksmana.

Ing Ayodya, Rama bakal diangkat dadi ratu pinangka pembarep gantining Dasarata. Ananging Kekayi, garwa selir prabu Dasarata nagih janji. Nalika sadurunge dipundhut garwa, Kekayi duwe panyuwunan yen peputra lanang mengkone bakal jumeneng nata Ayodya. Kanthi abot, Dasarata ngabulake panyuwune Kekayi awit biyèn pancèn naté janji mangkono. Saka pokal culikane Kekayi, Rama wurung dadi ratu, malah kudu nglakoni ukuman (dibuwang) ing alas Dhandhaka 13 taun suwéné. Rama, Sinta, lan Laksmana banjur ngumbara nilar kedhaton. Marga nggrantes, ora suwe prabu Dasarata banjur séda. Barata rumangsa ora pantes dadi ratu. Dheweke banjur nggoleki Sri Rama, nyuwun supaya Rama kersa kondur lan jumeneng nata Ayodya. Ananging Rama nampik amarga jejering satriya ora bakal cidra ing janji sumadya nampa ukum. Barata didhawuhi Rama supaya jumeneng nata sawetara, minangka sulihe Raden Rama. Rama banjur  medhar piwulang Asthabrata (astha = wolu, brata = laku) pinangka garan jejering ratu kudu ngugemi lakuning/watak utama kang cacahe ana wolu. Rama uga paring simbolis awujud trompah (basa Sansekreta: p?duka) marang Barata pinangka tandha bukti yen dhèwèké iku mung saderma wakil. Barata banjur jumeneng nata kanthi nganggo tlumpahe Raden Rama.

Ing alas Dhandhaka, ana raseksi aran Surpanakha (Sarpakenaka) kasengsem marang Laksmana. Kanggo ngrayu Lakshmana, Surpanakha banjur mémba dadi wanodya ayu. Ananging Lakshmana ora mempan kagodha, malah irunge Surpanakha kairis. Surpanakha nepsu banjur pradul marang kangmasé (sang Rahwana/Dasamuka) lan mbujuk supaya nyulik garwané Rama kang ayu rupa. Dhasar Rahwana karem marang wanodya ayu, mula sang Rawana banjur ndhawuhi raseksa Kala Marica supaya nyulik Sinta. Marica banjur mémba dadi kidang emas kang éndah. Sinta kasengsem banjur nyuwun supaya mbebedhag kidang emas iku. Rama budhal dhewe ninggal Sinta lan Laksmana. Si kidang emas gesit banget, ora bisa kacekel. Wusanané, Sri Rama anyel banjur nglepasaké panah. Si kidang emas njerit kelaran lan mati, owah malih raseksa. Krungu panjeriting wong kang kelaran, Sinta banjur ngutus Lakshmana supaya nggoleki Rama. Laksmana ora gelem budhal amarga kajibah njaga Sinta. Sawisé ditudhuh yen Lakshmana arep ngarah dhèwèké, Lakshmana banjur budhal nggolèki Rama lan ngrajah Sinta supaya adoh saka godha rencana. Sawisé Sinta dhèwèkan, Rahwana banjur teka. Kanthi mémba dadi resi kang njejaluk jampi, Rahwana kasil nyulik Sinta.

Jeriting Sinta keprungu déning peksi sang Jatayu kang naté dadi réncange prabu Dasarata. Kanthi niat becik, Jatayu nulungi Sinta. Amarga Rahwana luwih sekti, Jatayu kalah. Jatayu kang sekarat isih bisa atur warta marang Rama lan Laksmana, yen Sinta kagawa menyang Alengka, kedhatoné sang Rahwana. Rama lan Laksmana banjur nglari ilangé Dèwi Sinta. dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing sajroning alas, Rama kapanggih ratu Kiskindha awujud wanara, ya Sugriwa kang sambat njaluk pitulungan marga rumangsa bojoné (Dèwi Tara) direbut déning seduluré (Subali). Rama saguh mbiyantu, jer mengko uga gelem sabiyantu perang lawan Rahwana. Embuh kang bener kang endi, nanging jejering satriya, Rama ora kena cidra ing janji. Rama kasil merjaya Subali. Sugriwa banjur sumadya nulungi sang Rama kanthi prajurit wanara lan pitulungané patih Anoman (Hanuman). Anoman kautus Rama pinangka dhutané Sri Rama budhal menyang Alengka ngaturaké warta lan kalpika marang Sinta.

Ing kaputrèn Alengka, Sinta dilipur déning Trijatha. Kanthi meneng-meneng, Anoman kasil mlebu ing Alengka lan kapanggih Dèwi Sinta. Dumadakan konangan Indrajit (putrané ahwana). Anoman kecekel Rahwana, banjur diobong. Dhasar wanara sekti, Anoman banjur ngobrak-abrik lan ngobong Alengka. Anoman bali lan ngaturaké warta marang Rama. Kanthi prajurit lan kasektèné, Rama kasil nambak samudra (bendungan Situbanda) kanggo dalan ngrubuhaké Alengka. Ing wektu iku, seduluré Rahwana aran Kumbakarna lan Gunawan Wibisana kadhawuhan mbiyantu mbéla Rahwana. Kumbakarna ora sarujuk marang Rahwana. Marga wanita, Rahwana ngorbanaké negara memungsuhan lawan Rama. Kumbakarna trima lunga tapa, déné Wibisana lunga saka Alengka gabung melu Rama. Perang gedhé dumadi, prajurit raseksa lawan wanara. Indrajit pinangka senopatining perang kaperjaya déning Lakshmana. Kumbakarna dipeksa mbadharaké tapané supaya mbiyantu Rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbéla Rahwana, nanging negara wutah getihé. Rama nglepasaké panah Guwawijaya, Kumbakarna tiwas katugel-tugel dening panah sekti. Rahwana maju ngadhepi mungsuh. Rama bisa ngalahaké Rahwana. Nalika Rahwana kena panah Guwawijaya, Rahwana banjur dibruki gunung dèning Anoman. Alengka bedhah lan Wibisana kajumenengaké dadi ratu ing Alengka. Sinta dijak kondur lan urip bebarengan klawan Rama. Nanging, ing lakon Sinta Obong, Sinta kauji kasuciané déning Rama sadurungé nunggal marang Rama.

Selesai……

No comments:

Post a Comment

Translation